Sabtu, 14 Februari 2015

upacara panggih



TUGAS BAHASA JAWA
UPACARA ADAT PANGGIH


PENGANTENAN ADAT JAWA

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten priya neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wong tua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda miturut ekonomi saben kaluwarga.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa kathah sanget, pramila punika kelompok 8 badhe njlentrehaken bab utawa upacara adat panggih ingkang susunan kados punika yaiku :
v Balang suruh
 






v Wiji dadi (ngidhak tigan)
        
v Pupuk
v Sinduran
v Timbang
v Kacar-kucur
v Dhahar klimah
 
v Mertui
v Sungkeman
 

*    Mijiki Sikil
*    Kanthen Asta



Panggih (Temuning Penganten)

Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sing baku manten lanang teka ing ngarep tarub, manten wadon methukake. Kembar mayang sing diboyong saka njero (ngetutake manten wadon) disamplukake manten lanang, banjur dibuwang ing prapatan utawa pratelon sing cedhak. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi (ngidhak tigan), Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.

Banjur ana rerangkening upacara panggih yaiku :
*    Balang-balangan gantal / suruh.
Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri. Suruh isi gambir lan injet dilinting ditaleni benang lawe putih kanggo baling-balangan manten lanang lan wadon. Cacahe gantal ana 7, sing 4 dicekel sing wadon (gondhang kasih), sing lanang kebagean 3 (gondhang tutur), banjur kanggo balang-balangan mbaka siji. Werdine: baling-balang katresnan. Suruh lumah lan kurepe beda, nanging rasane padha, dadi lanang lan wadon iku beda nanging padha tresnane.
Sedhah utawa suruh dilinting, ditaleni lawe wenang. Cacahe loro, kanggo balnagan penganten sarimbit. Balanagane penganten puri diarani gondhang kasih, balnagane penganten kakung diarani gondhang tulur. Suruh dipilih sing gathuk rose. Balangan suruh iki mralambangi :
a)     Suruh yen dideleng beda rupa lumah lan kurebe, nanging yen digeget pada  rasane, senajan sing siji kakung, sing liyane putri , ananging yen wis manungga tekade, bisa manunggal cipta, rasa lan karsane, pinasthi jatu kramane.
b)    Marga ditaleni lawe wenang warna putih, minagka pengarep-arep muga   sawise ditaleni ing akrami, dadiya paningset anggone mbangun bebrayan, ora nalisir saka angger-anggering kautaman.
c)     Dipilih suruh kan temu rose, mengku werdi supaya penganten sarimbit  manungal lair batine tansah ngudi nyawiji, nyirik tumindak kang  marakake sulaya kasembadan sedyane lestari kang tansah kaesthi.
*    Wiji Dadi ( ngidhak tigan)
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane. Antiga utawa endhog pitik kampung sing isih mentah, dening ibu juru paes disenggolake bathuke manten lanang lan manten wadon, banjur dibanting nganti pecah. Werdine: pecahing wiji priya lan wanita kang bakal mbabarake turun.
Endhog ayam kapidak dening penganten kakung nganti pecah, tegese  anggone mbangun bebrayan  bisa  mecah  (misah)  saka  tanggunng  jawabe  wong tuwa,bisa urip mandhireng pribadi.  Sawise penganten kakung ngidak endhog ayam nganti pecah, penganten putri  enggal anjengu (ndhodhok)  nyembah  penganten  kakung lan enggal mijiki samparane nganggo banyu kembang   setaman sing ana ing bokor. Iku minangka  pralambang  ngilangake sesuker,  muga anggone urip mbangu bebrayan bisa dadi tuladha. Wanita wajib  bekti  marang sing kakung. Sing kakung wajib ngregani bektine sing  putri,  mula nuntun ngajak sing putri ngadek jajar.
*    Pupuk
Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
*    Sinduran
 
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
*    Timbang
 
Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.
*    Dhahar Klimah
 
Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan. Sing lanang ngepel sega isi lawuh telung kepelan, mbaka siji diwenehake sing wadon ditampani ing piring, banjur dipangan (telu pisan sethithik-sethithik) disawang sing lanang. Werdine: ngecakake kaskaya kanggo karaharjaning kulawarga.
Panganten sakloron padha dene ndulang, cukup sega putih wae. Sawise dulangan banjur lawuhane didokok ing piring sing isi sega, banjur piring  wadhah lawuhan ditangkebake ing piring isi sega. Iku diarani gambuhan, pralambang bisa  tumangkeb  manunggal sih  tresnane penganten kakung  putri  jumbuh kaya sing digayuh, sembada sing disedya.
Sabubare adicara dulangan isih ana adat kang ditindhakake maning yaiku  ngombe rucuh utawa rujak degan. Diwiwiti deneng penganten kakung banjur penganten  putri sumusul. Degan kang dirujak becike degan saka wit klapa  sing  nembe awoh sapisanan, diarani degan klapa wala. Iku  mralambangi kekudangane para sepuh, muga-muga penganten  enggal  kaparingan  momongan, lan uga  digadhang-gadhang bisa penganten  nguwohaken  kautaman sing  bisa dituladha  dening  bebrayan agung.
*    Mertui
 
Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.
*    Sungkeman
Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih. Manten lanang lan wadon urut-urutan sungkem marang bapa biyunge lan maratuwane. Werdine: wajib bekti marang wong tuwa lan mara tuwa.
*    Mijiki Sikil
Manten wadon mijiki manten lanang nganggo banyu setaman sing diwadhahi bokor utawa pengaron cilik. Werdine: wong wadon setya bekti marang sing lanang.
*    Kanthen Asta
Yen ana wong loro napak pasangan (rakitan sapi utawa kebo) banjur lagi kanthen asta(gandhengan) nganggo jenthik tangan kiwa (lanang) lan jenthik tangan tengenn resmi dadi pasangane lan banjur bebarengan nyanggemi kewajiban
*    Tampa Kaya (Kacar-kucur)
Tekan dhamparing panganten, manten lanang ngesok kaya ing kacu gedhe neng pangkone manten wadon. Werdine : wong lanang wajib aweh kaskaya (rejeki) marang sing wadon kanggo kabutuhane bale wisma. Penganten  kakung jumeneng ngasta tilam lampus (klasa bangka),isine dhuwit receh(dhuwit logam) dicampuri beras lan ketan disuntek ing pangkoning penganten putri.  Adat kacar-kucur  mengku  pralambang  jejibahane  penganten  kakung,  wajib  tanggung jawab marang bojone, guna kaya (nafkah) asiling pakartine dipasrahake marang bojone. Mangkono uga sig putri duwe tanggung jawab nyukup-nyukupake utawa ngiguhake supaya murakabi sekabehane.




14 komentar: